Aksara Rekan

Diposting pada
5/5 - (5 votes)

 Pengertian Aksara Rekan

Aksara rekan cacahe ana lima, yaiku : kh, dz, f, z, gh

Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae. Tuladhane kayata :

  1. Khatib yen ora dicethakake katib
  2. Dzikir yen ora dicethakake dikir
  3. Faham yen ora dicethakake paham
  4. Zakat yen ora dicethakake jakat
  5. Ghoib yen ora dicethakake gaib

Contoh Aksara Rekan

aksara rekan


Kaidah Penulisan Aksa Rekan

Tentu saja di dalam kepenulisan aksara rekan juga memerlukan kaidah khusus.  kiranya akan lebih memudahkan Anda untuk menulis kalimat atau kata yang Anda inginkan.

  1. Tahukah Anda, bahwa aksara rekan bisa menjadi pasangan
  2. Aksara rekan juga bisa diberikan pasangan
  3. Aksara rekan juga dapat diberikan sandangan; seperti huruf atau aksara Jawa lainnya.

manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajroning pepet; dene yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak , cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen. Tuladhane :
fitrah, farlu, dwifungsi, firman

kajaba aksara rekan f kang wujuding pasangane pa cecak telu aksara rekan ora kena dadi pasangan. Manawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sesigeging wanda iku kudu dipangku.


Aksara rekan

aksara rekan


Kesimpulan

Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae


Salam Penutup

Kula lan rencang kula sadar ingkang ndamel makalah niki tasih wonten kakirangan sekedhik lan kathahe, ingkang wonten kritik lan saran ingkang ajeng ngleresipun makalah niki,injih sumonggo maringi saran,

Mugi-mugi saged kagem pambelajaran kangge kito sedoyo,maturnuwun.

baca juga ;

sumber : https://id.scribd.com/