Aksara Rekan

Diposting pada
Rate this post

Aksara Rekan

  1. Reroncenipun :
  2. Aksara rekan cacahipun wonten gangsal, inggih punika : kh, dz, f, z, gh

Ginaipun aksara rekan dipundamel nyerat tembung manca ingkang dicethakaken, upami malih tembung Arab. Manawi mboten dipuncethakaken upami ingkang dipunserat punika tembung manca, pramila dipunserat ngangge aksara limrah kemawon. Tuladhanipun kadosta :

aksara rekan

  1. Khatib upami mboten dicethakaken katib
  2. Dzikir upami mboten dicethakaken dikir
  3. Faham upami mboten dicethakaken paham
  4. Zakat upami mboten dicethakaken jakat
  5. Ghoib upami mboten dicethakaken gaib

Manawi aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecakipun tiga wonten saklebeting pepet; upami menawi karaketan sandhangan wulu, layar utawi cecak , cecakipun tiga wonten saklebeting panggenan kiwa, sandhangan wulu, layar, utawi cecak wonten ing tengen.

Tuladhanipun :

Fitrah, farlu, dwifungsi, firman

Upami aksara rekan ‘f’ ingkang wujud kalian pasanganipun ‘pa’ cecak tiga aksara rekan mboten kengeng dados pasangan. Manawi aksara rekan dumunungipun wonten sakwingkingipun wanda sigeg, sesigegipun wanda punika kedah dipunpangku. Tuladhanipun :

Sampun faham, saweg dzikir, zakat fitrah, sumerep ghaib.


Wujudipun Aksara Rekan

Gambar aksara rekan

Kanggenipun Aksara Rekan :

  1. Aksara rekan kangge nyerat tembung-tembung sakaing manca, menawi wigati dipuncethakaken.
  2. Aksara rekan upami kaserat wonten wanda sigeg ( mandheg ), menawi pasanganipun kalawau mboten “mati” pramila kedah dipun
  3. Aksara rekan menawi pikantuk sandhangan : wulu, pepet, cecak utawi layar, tandha cecak tumpang tiga wonten sakngajengipun panggenan kiwa sandhangan.

Aksara rekan cacahe ana lima, yaiku : kh, dz, f, z, gh

Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae. Tuladhane kayata :

  • Khatib yen ora dicethakake katib
  • Dzikir yen ora dicethakake dikir
  • Faham yen ora dicethakake paham
  • Zakat yen ora dicethakake jakat
  • Ghoib yen ora dicethakake gaib

manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajroning pepet; dene yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak , cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen. Tuladhane :
fitrah, farlu, dwifungsi, firman

 kajaba aksara rekan f kang wujuding pasangane pa cecak telu aksara rekan ora kena dadi pasangan. Manawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sesigeging wanda iku kudu dipangku.


Aksara rekan


  • Kesimpulan

Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae


  • Salam Penutup

Kula lan rencang kula sadar ingkang ndamel makalah niki tasih wonten kakirangan sekedhik lan kathahe, ingkang wonten kritik lan saran ingkang ajeng ngleresipun makalah niki,injih sumonggo maringi saran,

Mugi-mugi saged kagem pambelajaran kangge kito sedoyo,maturnuwun.


Demikianlah artikel dari duniapendidikan.co.id mengenai Aksara Rekan Yaiku : Contoh, Pasangan, GUnane, Translite, Bacaan, Sndhang, A I U E O, Kalimat, semoga artikel ini bermanfaat bagi anda semuanya.